BAHASA SING ILANG
Bareng karo majuneng jaman, menungsa urip dadi tambah kepenak lan tambah praktis.Apa apa serba cepet serba gampang ora perlu kesel ora perlu rekasa.
Jaman durung ana listrik ora nana TV,ora nana Kulkas,ora nana mesin cuci,ora nana sanyo,ora nana lampu neon.Mbarang ana TV akeh hiburan akeh tontonan sing nyenengaken.
Gemiyen ora bisa nyimpen janganan utawa panganan nganti suwe,bendina kudu becer merga nek tuku kakehen janganane dadi bosok.gemiyen ora bisa nginum anyes,siki bisa nginum anyes sewektu wektu.
Ora perlu ngangsu utawa mompa sumur Dragon go ngingseni jembangan utawa go ngingseni bak,gari muter kran banyu wis manthur.Adus gari gebyur ora perlu nunut meng sumure tanggane.Ora perlu nguceki kumbahan nganti tangane mleceh gari cemplung mesin cuci beres.
Ora perlu ngresiki lampu teplok ora perlu tuku kaos lampu petromak,gari ceklek saklare wis padang.Ora perlu repek golet suluh siki wis ana kompor gas.
Arep lunga adoh ya gampang,kabeh wong nduwe montor malah akeh sing nduwe mobil.Jaman aku cilik ngendi ngendi ya mlaku apa ngepit,montor esih jarang apa maning mobil.Siki nunggang montor mabur be wis ora gumun.Jaman gemiyen kur bisa nyawang montor mabur liwat karo melung melung "montor mabur njaluk duwite..ora ulih sogok silite" tegese wektu kuwe wong sing bisa nunggang montor mabur kuwe kur wong sing akeh duwite bangsa pengiyongan tah ya ora ngimpi,kanggo tamba gela paling kur bisa nyogok silite montor mabur.Manggua ana silite soten.
Apa maning siki mbarang ana sing jenengane HP,jaann ora umum kaya nyawa bae, pokoke menungsa siki ora bisa urip nek ora nyekel HP.
Tan kocapa ora kabeh teknologi nggawa keapikan.Nek ana barang anyar mesti kudu ana barang lawas sing ditinggalna.Sepira wektu sing dibuang kanggo menthelengi TV kanggo nunyuki HP.Wektu sing nggo ngomong karo keluarga,kanca,tangga teparo ilang entek direbut nang wektu nggo menthelengi HP.
Bocah bocah ora kober sinau ora kober dolan karo alam sekitare kakehen dolanan HP nganti matane bejad.Malah nganti ana sing mati gara gara HP.
Internet nek ora bener nganggone nyebabna rusak atine menungsa,gambar gambar sing ora kudune bisa di tonton siki bisa ditonton semareme.Kabar berita sing ora bener dianggep bener malah akhire ngrusak ketrenteman ati uga ketentreman masyarakat.
Tukang nggawe Gogok wis ora payu merga ana kulkas sing bisa nggawe banyu anyes.Tukang othok othok bangkrut bocah siki lewih seneng game nang HP utawa kompyuter.
Wis ora nana abane bocah guris jonjangan nang latar,ora nana bocah penekan nang wit salam.ora nana bocah playon turut galengan ngunda layangan.
Kejaba kuwe akeh banget kebiasaan utawa bahasa sing mbiyen di enggo bendina siki wis ora nana, wis ora dienggo lan bakale ilang sekang nduya kiye.Siki nggolet pemandangan kebo nggered garu wis angel banget.Nggolet tukang Patri utawa Tukang dandan payung wis ora bisa.
Nangisor kiye aku arep nulis tembung tembung sing bakale arep ilang merga ora dienggo utawa wis ora pas karo kahanane jaman.
Athik = kambi,karo
Bandos = sisa nang lumpang paling ngisor bekas wong mbebek beras
Bahu = pangkat nang desa
Bendo = bedog,golok
Bendana = lenjeh,menthel
Beri = baki
Berko = lampu ngarep pit
Bleketepe = pager sekang anyaman blarak (godong klapa)
Bratang = mester sumur
Bruwun = ngepet godong godongan nggo si jangan
Bungkil = pangan sing digawe sekang ampas klapa
Canthor = panganan kaya krupuk sing digawe sekang budin gedhene segedhe tutup gelas
Dami = serat nang woh nangka
Dluwang = kertas (kanggo nambal layangan)
Gedheg = anyaman pring sing dinggo pager
Gendul = botol
Gegoh = padu,kekerengan
Genuk = pedaringan,wadah beras sekang kendil
Gemblep = woh pace sing wis bosok
Gombes = penyakit kulit nang pinggir lambe kiwa tengen jalaran mangan ora diresiki
Grajen = serbuk kayu (sisa wong ngraji kayu)
Gribig = pager kandang ayam sekang anyama pring
Grita = klambi njeroan bayi sing akeh taline
Gudir = ager ager
Gudril = panganan kaya karag tapi lewih cilik
Jingklong = lemud (nyamuk)
Jenu = Jenis wit sing getaeh bisa nggo ngarah iwak (iwake pada nggeleleng setengah mati)
Jogan = lantai njero umah
Jumbleng = WC (biasane nang ngisor wit pring utawa panggonan sing adoh wong)
Jungkat = sisir
Kacu = sapu tangan
Kampil = bantal
Karag = Panganan kaya krupuk sing digawe sekang budin lewih cilik timbang canthor lewih gedhe timbang gudril
Kasut = sepatu, sandal
Kempol = tepes klapa sing dibundel go resik resik
Kepis = wadah iwak sekang anyaman pring
Klebet = bendera
Klentik = panganan sing metu sekang proses nggawe lenga klapa
Lading = peso mlengkung biasane nggo nyukil klapa
Lamat = tali sekang serat gedebog gedang
Masari = acara munjungi sedina pasaran bar pengantenan
Mathet = macing ora nggango mata pancing kur ngango empan sing dijiret kanggo tali(biasane mathet kuwe ngarah iwak cilik kayat lunjar kambang)
Mblosondo = omongan utawa kelakuan sing murang tata
Ngingkud = ngawah iwak karo suket utawa ganggeng mawi cara digulung gulung
Onder = rok daleman (under rock)
Ora yetna = ora ngerti,ora srilik
Ratan = gili,dalan
Rebuwis = SIM
Rengkot = rantang
Risban,Lincak = kursi dawa sing digawe sekang Pring
Salang = tali sing digawe sekang sabut klapa
Sambel krosak = sambel bawang lombok uyah
Sampur = selendang
Senthong = kamar
Setemak/Tasmak = kacamata
Setriwel = kaos kaki
Setut = sabuk/ban
Stamplat = terminal/halte bis
Suru = sendok
Sekoneng = saka utawa balungan kanggo njiret pager gedheg
Seser = alat kanggo ngarah iwak
Senthir = dian,lampu lenga
Slumbat = linggis
Sogok silit = pang wit pring sing rigik rigik
Strongking = lampu petromak
Ubluk = montor
Urek urek = ngarah welut
Paceran = saluran nggo mbuang banyu kang sumur
Padasan = kendi pancuran go wudu
Pancong = pacul cilik nggo dangir
Para = panggonan go ngebrukna alat dapur
Pedaringan = wadah beras
Pekiwan = area sumur
Pethet = sisir (jungkat)
Poran = Jorna bae ,ya kemen
Tapih = jarit utaw kain nggo nutupi pinggang se mengisor
Ting = lampu minyak sing dipasang nang latar umah
Welit = payon umah sekang anyaman godong aren
Welad = kulit pring sing dibeset tipis(biasane nggo ngethok puser bayi sing nembe lair)