Wikipedia

Hasil penelusuran

Panganan Jaman Mbiyen

Aku arep crita panganan pangan sing mbiyen tek pangan jaman cilik.Panganan jaman mbiyen ora patia mikirna Gizi,sing penting Wareg.Tapi pangan mbiyen mungkin lewih sehat di banding panganan siki,karna ora nganngo bahan pengawet serba alamiah.

Biasane mamake seneng nggawe jaburan dewek nggo panganan selingan antara mangan awan nganti mangan mbengi.Mamake sering nggawe bubur,sekang Bubur Mutiara,Bubur Candil,Bubur Kacang Ijo.Mamake juga sering nggawe Cemped,Ondol-ondol,Gendar,Kolek,Lemet,pokoke macem macem lah.
Tapi paling nelangsa nek lagi ora nduwe beras,boro boro jaburan,lunch nek ora mangan Bulgur ya Jrangking sing garing di liwet maning terus di urab karo parudan kelapa tambah uyah thok.Nek lagi klangra langka apa-apa pol pole nggorokti kelapa karo gula.(Ndoresani)

Paling seneng lha nek Mamake pasar Wagen,mesti baline nggawa jajan werna-werna sekang Gathot,Cethil,Kicak,Gethuk,nganti Kluban.Kluban gawean mamake juga enak tapi kluban pasar wagean jan khas banget legi karo pedese pas banget.

Nek esuk sarapan juga tapi ora karo sega,nek ora tuku nggone Babu Sampi ya tuku nggone Bonem nang Rawa.Sing di tuku ya mesti pada,karna sing di dol be ora patia akeh wernane,sing wajib ya Lupis disiram banyu gula jawa,legine ora ketulungan.Nek ora ya Kepok,Grontol,Mataroda.

Kadang kadang siki kangeeeeeen banget pengin mangan maning tapi ora kabeh bisa,merga akeh pangan sing wis angel goletane.

Contone pengin mangan Irut apa Ganyong bae rekasa.Padahal gemiyen arep mangan nganti keblethengen ya bisa.
Kiye Daftar lakon lakon panganan sing tau mlebu wetengku.

* Ager Ager
* Ampyang
* Apem
* Arem Arem
* Arumanis
* Awul Awul
* Bakwan
* Balokan
* Bandos
* Beton
Nek mlathok Nangka,betone di kumpulna.nek ora di godog ya di bakar.Paling bebeh nek betone dicampur karo liwetan,betone pliket gupak segga kabeh.

* Bisono
* Bothok
* Brondong
* Bubur
  - Bubur Abang
  - Bubur Mutiara
  - Bubur Putih
  - Bubur Sungsum
  - Bubur Candil
  - Bubur Kacang Ijo
* Budin Bakar
* Budin Godog
* Bulgur
* Bungkil
* Buntil
* Canthor
* Cemped
* Cethil
* Cingkig
* Ciwel
* Cucur
* Dadar Gulung
* Dage
* Empang Empang
* Galundeng
* Ganyong
* Gathot
* Gebing
* Gedang Bakar
* Gedang Goreng
* Gembili
* Gemblong
* Gembus
* Gendar
* Gethuk
* Gimbal
* Glontho
* Golak
* Grobi
* Grontol
* Gudril
* Irut
* Jadah
* Jenang
* Jipang
* Jolali
* Kacang Godhog
* Kacang Goreng
* Karag
* Kembang Goyang
* Kenyas
* Kepok
* Ketan
* Kicak
* Klentik
* Klepon
* Kluban
* Kolek
* Krawu
* Kriyik
* Krupuk
* Kupat
* Lanthing
* Lapis
* Lemet
                                                            Lemet. Kanyel kanyel enak

* Lemper
* Lepet
* Lotek
* Lupis
* Manggleng
* Mata Roda


 

Mata Roda.Ana sing abang ana sing ijo.
* Mendoan
* Munthul Godog
* Onde Onde


Onde Onde
* Ondol Ondol
* Opak
* Oyek
* Pao Pao
* Pelas
* Peyek
* Pilus
* Plokdes
* Puthu
* Rengginang
* Rucuh
* Sagon
* Sambel Jenggot
* Samir
* Satu
* Sawud
* Sega urab
* Sempeleo
* Semprong
* Srabi
* Sriping Budin
* Sriping Gadung
* Sriping Gedang
* Sriping Munthul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar