Wikipedia

Hasil penelusuran

Dolanan, Mainan

Jaman semana.listrik durung ana.lampu nek mbengi esih pada ngango teplok,petromak malah esih akeh sing ngganggo senthir.Nang ngarepan umah biasane di bruki lampu Ting nggo lumayanan.Lha nek lunga lunga mbengi nek ora sangu sempor ya karo mbakar klari turut ndalan.

Tivi ya wis ana,tapi hitam putih tur ora kabeh umah ana tivi.Siji sijine wong sing nduwe Tivi berwarna kur Pak Rabun thok.Kuwe be dudu Tivine sing berwarna tapi kaca tivi sing berwarna.Dadi wonge awake ijo raine abang..Jan..!!nek kelingan ndoresani temen ya.!!!Setrume karo aki.Gulih nyetrumna na Tumpang (perek ril Sepur)Kuripan sing arep meng pertelon Asin.Akine di boncengna pit jengki di jiret karo njeroan ban pit  bekas.
Kadang merga setrume entek layar Tivi ne nyiutiii-nyiutiiiii tetep bae di tunggoni nganti titik darah penghabisan pokoke,nganti PET!!!setrume entek blas tivine mati.

Ora nana Super mario,ora nana Dora emon,ora nana plestesen  apa maning hp karo internet, sejen karo alam siki.Tapi malah wektu kuwe bocaeh pada kreatip nggawe dolanan dewek.Sepirang pirang dolanan digawe nggo ngisi wektu kosong.Ora kur awan thok kadang kala mbengi be esih pada jonjangan.Ora kur cah cilikan,wong tuwaan be kadang-kadang melu dolanan.

Aku arep crita dolanan-dolanan sing tau tek lakoni jaman cilik.Dolanan-dolanan sing wis mati merga bocah siki wis ora pada nglakoni.Nek ana rejaneng Jaman mungkin dolanan-dolanan kiye bisa urip maning,tapi sejen wujude.Nek mbiyen Pocos karo Sunamanda kudu nggolet lemah sing amba tur rata,ngemben Pocos karo Sundamanda cukup nang segenggeman tangan.

Kiye dolanan-dolanane:

* Adu Jangkrik
* Apolo
* Bal-balan

* Bedhil-bedhilan

                                         Dolanan bedil bedilan kang papah godong gedang

* Bekelan
* Bonangan

                                                                  Bonangan
* Boneka kang sarung

                          Karna tuku boneka be ora mampu,nggawe boneka dewek kang sarung
* Bengkat
* Bur-buran Dara
* Bus-busan
* Celurut-celurutan
* Dir

  - Pocos
  - Buron
  - Dir-diran

                                                                      Pocos

* Dos-dosan
* Dungglengan
* Duwit-duwitan
* Egrang
* Gambar

   - Bandaran
   - Umbul
   - Urutan
   - Slentikan
   - Damuan


                                                                       Bandaran

* Gambar-gambaran nang lemah                                                
* Gandon
* Gebuk laler

                                       Gebuk laler kang godong gedang nggo nggusah laler

* Gobag Sodor
* Ingkud
* Jonjangan

   - Cimogok mogok
   - Gotrian
   - Jamuran
   - Jonjang umpet
   - Sepiringan
* Karet
  - Damuan
  - Em-eman
  - Lowok bantingan
  - Lowok giting
  - Lowok tembok
  - Slentikan
                                                                Lowok Tembok

* Kasti
* Keburan
* Kothekan
* Kupu-kupuan
* Layangan
* Lotrean
* Lurahan
* Mancing
* Mathet
* Mercon
 
- Mercon bumbung
  - Mercon cengis
  - Mercon karbit
  - Mercon kertas
* Mobil-mobilan pring
* Nama-namaan
* Ndudul
* Ngarah iwak
* Otho
* Othok-othok
* Panggalan
* Penekan
* Perang-perangan
* Pit-pitan
* Plintheng
* Rodaan(separo padha)
* Seladuran
* Sundamanda
* Teplekan godong silirsidah
* Ula-ulaan
* Urek-urek
* Uthik-uthik umil
* Uthat
* Yoyoan
* Yun-yunan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar