Wikipedia

Hasil penelusuran

Kewan-kewan


     Karna urip nang ndesa,dadi ora adoh karo dunia kewan.Nek lunga meng sawah jelas ketemu sepirang pirang kewan sekang iwak,ula,keong,kinjeng,kuntul,cucuk urang,sidat nganti lintah ana.Nek meng papringan mesti ana bajing,blacan,bambung karo kadang manuk sikatan ngeton.Apa maning nek meng rawa bulus,menyawak karo manuk sepirang pirange manuk karo iwak akeh banget.

     Pokoke bendina awan mbegi meng endi-endi mesti ketemu kewan.Kadang malah ana sing sengaja nggolet kewan,ana sing kur nggo dolanan,sing nggo di pangan,nganti ana sing nggolet kewan nggo penguripan.

     Sekang gagat esuk lah wis digugah nang ayam jago,tangi turu manuk emprit karo manuk peking pada moni nang wit-wit sing silo kenang padange srengenge.Awan awan gareng pada moni,mengko mandan sore sethithik manuk manyar nang wit klapane Gedhe Arjo pada pating craet gemantungan dang susueh sing temempel nang blarak sing geang geong kenang angin.Kaya anu dadi tenger nek wis wektune kaki Yasa bali kang sawah.

     Nek Srengengene wis ngglundung nang langit bang kulon,manuk mliwis pada mabur nang nduwur umah,bali sekang rawa lor bar nggolet empan sedina. Mabur ngliwati umah-umah wong nuju meng susueh nang rawa blah kidul.

     Bar bocahan pada adus terus metu ngumah sangu lombok karo mbrambang nggoleti unthi-unthi karo ampal-ampal karo nyanyi mantra-mantrane men unthi-uthine pada teka.Bareng karo kuwe nang ngarepe pak Dasan,codot pada pating sliwer nang  sekubenge wit randu.Codot mau lagi pada rebutan sari madune kembang randu sing pada mekar ngetokna ganda sing wangi.

     Nek orong-orong wis moni kuwe tandane wis kudu mlebu ngumah,sing ngaji ya pada ngaji,ana sing nyore disit,sing sinau ya sinau tapi mesti pada bebeh.lha wong sinau lampune senthir.Wong tuwaan ya ana sing meng sawah maning,ngobor kodok nek ora ngobor iwak.

     Bar ngaji ora langsung bali ngumah,pada ndekepi kunang,karna wektu semana nek mbengi kunang pating sliwer mabur nang endi-endi.Kunange dilebokna sarung nek ora kaos,sarunge pada pating kerlob,nek ora kunange di kumpulna nang kupluk.Jaman semana esih akeh kunang kuwe tandane wektu kuwe esih akeh banyu sing resik merga,kunang kur bisa urip nang banyu resik.Siki arep nidokna kunang meng anak putu be ora ngerti kudu meng endi.Merga nang endi-endi siki nggone kotor.Pada meng endi mlayune kunang ya....???

    Sedih nek ndeleng kahanan desa siki.Kewan-kewan sing mbiyen gampang ditemoni siki wis pada lunga ora ngerti parane.Merga alam sing dadi umaeh kewan-kewan mau wis rusak,malik dadi  panggonane menungsa.Manuk cucuk urang,manuk sikatan,mliwis,blacan,kunang wis dadi kewan sing musnah sekang ndesaku.Wis ora bisa maning weruh melinge warna birune manuk cucuk urang kejaba nang foto,wis ora bisa crita cepete mabure manuk sikatan sing nyamber walang,wis kelalen kayangapa warna lan garis garis nang awake blacan.Sayange maning ora nana sing krasa kelangan.

     Nang ngisor kiye aku arep nulis kewan apa bae sing tau tek temoni jaman cilik.Nggo kenang kenangn tumrap awaku dewek,lan sapa ngerti bisa kanggo nggawe crita maring anak putu ngemben.

* Alap alap
* Ampal ampal
* Angga angga
* Bajing
* Bambung
* Bambung Tai
* Bancet
* Banyak
* Bebek
* Bence
* Bethik
* Bibis
* Blacan
                                                                  
Sejenis Blacan
* Blatung
* Blekok
* Bogo
* Branjangan
* Brekicot
* Bulus
* Bunglon
* Cacing Duwel
* Cacing Kremi
* Cecek
* Celiring
                                                                           Celiring



* Celurut
* Clupa
* Codot
* Crocokan
* Cucuk Urang             
Sejenis manuk Cucuk Urang 
* Dara
 - Dara Ceang
 - Dara Chito
 - Dara Gambir
 - Dara Mata Cilabanyu
 - Dara Mata Cilamas
 - Dara Mata Jawa
 - Dara Megan
Dara Megan mata Cilamas

 - Dara Tlampik
 - Dara Tritis
 - Dara Tritis Gendhing
* Deruk
* Engkuk
* Ece
* Emprit
* Gareng
* Gasir
* Gedhubur
Gedhubur Jedokan


* Gemek
* Iwak Sanggalintang
* Jangkrik
* Kalkun
* kamitetep
* Kampret
* Kathing
* Kecebong
* Kemreki
* Keong
* Ketunggengg
* Kinjeng
 - Kinjeng Dom
 - Kinjeng Kebo
 - Kinjeng Malo
* Kintel
* Klabang
* Klangkrang
* Kodok Mbangkong
* Kodok Longan
* Kokok Beluk


Manuk Kokok Beluk Putih
* Kor
* Kroto
* Kunang kunang
* Kuntul
* Kupu dayoh
* Kurwok
* Laler
* Lele
* Lembing
* Lemud
* Licing
* Lingsa
* Lintah
* Lombokan
* Lukas
* Lunjar kambang
* Lunjar pari
* Luthung
* Luwe
* Manuk Buli buli
* Manuk Mbook
* Manuk Sikatan
* Mbayongan
* Menther
* Menyawak
* Menyero
* Mliwis

Sejenis Mliwis
* Mrutu
* Nggarangan
* Nggaranggati
* Nggok nggok enteni
* Orong orong
* Peking Kaji
* Peking Jawa
* Perkutut
* Pitik Walik
* Precil
* Prekak
* Puter
* Rayap
* Sepat Jawa
* Sepat Siem
* Sidat
* Sili
* Sirpoh
* Srewiti
* Srigunting
* Tawon
* Tekek
* Tengu
* Tikus Wirog
* Tuma
* Uget Uget
* Ula
  - Ula Banyu
  - Ula Dadaksrengenge
  - Ula Dumung
  - Ula Rangon
  - Ula Welang
  - Ula Weling
* Uler
  - Uler Bumi
  - Uler Gaok
  - Uler Jaran
  - Uler Kilan
* Undur Undur
* Urang
* Ureng Ureng
* Uthi Uthi
* Walang
* Walang Godong
* Walang Keket
* Walang Sangit
* Yutuk
* Yuyu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar