Jaman mbiyen,terutama nek mbegi sedurunge turu biasane nyanyi-nyanyi bareng nang nduwur peturon.Mergane wektu kuwe TV ya oranana,arep dolanan anu wis mbengi.
Nek ora ya Ndabrul karo dolana capean apa parikan. Padahal capean apa parikan mau wis apal jawabane.tapi di ulang-ulaaaaaang bae bendina,anu kurang gawean banget.
Tapi lha kepriwe maning,genah anane kaya kuwe.Hiburan sederhana tapi mbekas banget nang njero ati.
Kiye aku arep crita Capean,Parikan,karo lagu-lagu sing sering tek nyanyikna jaman inyong cilik,kadang nyong mikir jane sapa sing nggawe lagu ora mutu kiye ya.Ora mutu tapi dadi kenangan sing larang regane tumrap penginyongan.
* Burdunuk Klemduwak
Mabur dud manuk, Nyilem dudu iwak
* Capean
Kecap Nang Pepean
* Cingkurniti
Kucinge mungkur Genine mati
* Kajibekus
Sakasiji kebek tikus
* Ngisor embut embut nduwur embyak embyak
Wong mbedul Budin
* Nini nini di jambak Njerit
Klaras
* Pakbomba Pakpiut Paklawa
Tepak kebo amba,Tepak sapi ciut,Tepak ula dawa
* Pitik walik saba kebon
Nanas
* Bapake di elus elus anake di idhek idhek
Wong menek anda
* Saka siji gendeng papat
Semanggen
* Suk suk burung dangpirotan
Esuk esuk mlebu warung medang kopi karo ketan
* Puknyar tingi
Kapuk anyar mati wingi
*Gajah sing gedhe apane??
umaeh("0")
"lagu - lagu"
* Serial lagu Pak Aji
* hari libur pak aji kecemplung sumur
sumure amba pak aji jekelan Timba
timbane pedhot pak aji jekelan Jenggot
jenggote tunggel pak aji jekelan wudel
wudele bodong pak aji jekelan godhong
godhone sowek pak aji mewek mewek
* deng drendeng deng deng pak aji nyolong dendeng
dendeng ora enak pak aji nyolong anak
anak ora ayu pak aji nyolong kayu
kayu larang larang pak aji maju perang
perang nang betawi pak aji menyak tai
tai selengen lengen pak aji kesenengen
* deng drendeng deng deng pak aji nyolong dendeng
dendeng ora enak pak aji nyolong anak
anak ora ayu pak aji nyolong kayu
kayu larang larang pak aji maju perang
perang nang sabrang lor pak aji umbele molor
molor selengen lengen pak aji kesenengen
*Lagu-lagu liyane
* wirang weruh umaeh nini gujem aojem
jembut jaran ayo ran
rante sepur ao pur
purwokerto ao to
togok baru ao ru
rumah sakit ao kit
kidang mlayu ao yu
yuyu kang kang ao kang
kanggo ngawe ao we
wedang kopi ao pi
pilak gesuuuuuuuut galundenng
* wirang weruh umaeh nini gujem aojem
jembut jaran ayo ran
rante sepur ao pur
purwo dadi ao di
dina kemis ao mis
misam misem ao sem
semar mendem ao ndem
ndemak siliiiiiiiiit gudigen
*kucing ku telu
kabeh lemu lemu
sing siji ireng
sing loro putih
meoong meoong
tek pakani lonthong
atiku seneng kancaku ndomblong
(kucing koh di empani lonthong???ya ora patut lah....)
fersi liyane lagu kiye esih akeh jane tapi kelalen,ana fersi ayam,fersi embe(wedhus)
lan sepenunggalane.
*aku nduwe pitik cilik
wulune brintik
cucuk kuning jengger abang
tarung mesti menang
sapa wani karo aku
mungsung pitik ku
*jaranan jaranan
jarane jaran peji
sing numpak ndoro mantri
sing ngiring ndoro bei
jreg jreg nong
jreg jreg nong
mlakune turut gunung
gedhebug krinching
gedhebug krinching
prok prok gedhebug jether
*jonjang domino mino
babu londo momong cino
cinone nangis bae
di dolani montor mabur
montor mabur kapal udara
numpak sepur mudun nang kroya
kroya ne akeh lemude
bapak gendut wetenge gedhe
*oh adiku
kekasihku
ojo pijer nangis
ayo dolan karo aku
ono ngisor uwit manggis
delo maneh ibu rawuh
mundut oleh oleh
gedang goreng
kacang cino
jadah karo kuwe moho
*pring krosak
nduwur kuping pilak
pilak melong melong
adol salak gulih nyolong
nyolong nang papringan
umah gedong kemalingan
*dondong opo salak
dukuh cilik cilik
andong opo mbecak
mlaku thimik thimik
ati nderek ibu
tindak menyang pasar
ora pareng nakal
ora pareng rewel
engko ibu mesti
mundut oleh oleh
kacang karo roti
ati diparingi
(sekang lagu kiye nyong bisa ngerti..bocah mbiyen wis cukup seneng diwei jajan kacang karo roti)
*the'ng the'ng be'le' wis moni
jam setengah wolu
iku pertandane'
murid podo mlebu
kanti nggowo piranti
prabot nggo sianu
yen wis tata lenggah
di wulang ibuguru
Lagu Gotrian
gotri ala gotri nogo sari ri
ri wul awul awul rokok bentul tul
tule'n ale'n ale'n ndeleng ngante'n te'n
te'nong mbesuk gedhe dadi opo po
podeng mbako enak mbako sedeng deng
dengklok engklak engklok dadi kodok
Lagu nyeluk uthi uthi
Uthi uthi mbuu nye'h lombok nye'h trasi
trasine' bawang kunthi sembiar mbiur
ambuuu..ambuu...
Lagu nyeluk angin
cempe'e'e' cempe'e'e'
undangna barat gedhe'
setaun bae'
cempe'e'e' cempe'e'e'
undangna barat gedhe'
tek upaih banyu tape'
ora entek go engko sore'
kelingan jaman cilik di critakna nang kakange...nggoleti capean koh,njur ulih gie wkwkwkw...
BalasHapuskelingan jaman cilik di critakna nang kakange...nggoleti capean koh,njur ulih gie wkwkwkw...
BalasHapus