Wikipedia

Hasil penelusuran

Woh-woan

     Jaman semono wit witan esih akeh,esih akeh woh wohan nang saben karangane wong.Nek arep pengin mangan buah buahan ya gari nembung maring sing nduwe.
Jambu sewernane jambu,dondong,pelem,rambutan,dukuh,salam lan liya liyane ya akeh.

   Tapi nang gonggomane nggonku umah sing paling akeh wit witan buaeh kuwe nggone Kaki Dulah Gemblung.Sekang kolem Rawa nganti kolem Tembok ora nana sing madani pendeken.Nek pelem apa jambu nang endi endi ana,tapi nek wit Duren karo wit Manggis ana ne kur nanggone Kaki Dulah Gemblung.Malah sengertiku se Desa Menganti anane kur nang kono thok.

     Jaman siki lha apa apa kudu tuku,ora gableg duwit ya ora bisa mangan buah buahan.Gemiyen magane akeh buah sing akhirane huruf "K".contone jambunjaluk,sawonjaluk,pelemnjaluk,gedangnjaluk,gandulnjaluk.pokoke serba njaluk,asal wani nembung mesti diwei.

     Ana maning buah sing akhirane huruf "G"contone,jambunyamprang,pelemnyamprang,
dondongnyrampang,manggisnyrampang.Kiye tindakan sing elek ora kena ditiru.Nyrampang kan pada bae ora nembung alias "NGILAM".

    Ana maning buah si akhirane huruf "R",contone rambutannitor,pelemnitor,dukuhnitor,dondongnitor lan liya liyane.Nek agi mangsan buah bocahan pada tangi gasik cepet-cepetan.Uput-uput jeput tangi terus mangkat nitor woh-wohan sing wektu kuwe lagi mangsan.Nek Sawo mesti nang ngarepane De Sampi,nek pelem nggone Gedhe Arjo apa nggone Mbah Sadin,nek rambutan mandan ngetan yakuwe mburitane Pak Ndoyo nek ora ngarepane Beyung Nimran.Lha nek dukuh mesti nggone mburitane Jenat Mbah Juru.Jambu thokal nitore nang ngarepane Beyung Sanyi nek ora nggone Pak Dasun.Dondong anane kur nang mburitane Gedhe Arjo,wite ana loro,sing siji perek sawah sebelahan karo wit jambu ijo,sing kiye dondonge ora patia rembel.Sijine maning nang perek tamanane Pak Dasan sebelah wit jambu abang.Wit Dondong kiye Rembel tapi ngisore akeh wit pandan,dadi nek nggolet dondong kudu mboek-mboek wit pandan.Nek nemu dondong nang sela-sela wit pandan jan...bungaeh ora lumrah.Kaya nemu harta karun pokoke.

Kiye woh wohane;

* Asem
* Blimbing
* Blimbing Wulung
* Cimplukan
* Dukuh
* Gandul
* Gedang Ambon
* Gedang Byar
* Gedang Klemas
* Gedang Kluthuk
* Gedang Lempeneng
* Gedang Lilin
* Gedang Raja Bandung
* Gedang Raja Ijo
* Gedang Raja Nangka
* Gedang Susu
* Gowok
* Jambu Bol
* Jambu Dersana
* Jambu Kluthuk
* Jambu Lumut
* Jambu Mede
* Jambu Thokal
* Jambu Putih
* Jambu Wer
* Jeruk Gulung
* Jeruk Bali
* Jeruk Bayi
* Jeruk Kangkam
* Jeruk Keprok
* Jeruk Kuwik
* Kersen
* Kesemek
* Kopi anjing
* Kokosan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar