Wikipedia

Hasil penelusuran

Geguritan(Puisi Ngapak)

Puisi  Ngapak

Tujuane nyong nggawe puisi nganggo basa ngapak kuwe siji,nyong kepengin nyritakna kahanan alam desaku wektu semono.Jenengan wit witan..kembang..kewan utawa kahanan alam sing ana nang puisi kiye kabeh nyata dudu kur ngarang,kaping pindone aku kepengin ngango tur nglestarikna bahasa ngapak,bahasa sing siki wis arang di enggo, men ora ilang.
Sing nggawe mangkel malah siki bahasa ngapak akeh sing dienggo lawakan.Ora ngertia bahasa Jawa ngapak kuwe cikal bakale bahasa Jawa sing ana nang tanah Jawa, umure luwih tua timbang bahasa Jawa alus.

Wong ngapak be bisa Romantis...


8 November 2020

PENGAREPAN

Siki kowe' e'gin cilik
Ora nana daya apamaning dunya
Tangan suwung gole't cekelan
Teles kudanen kabur kanginen
Ning poma aja mandeg
Mbesuk mesti bakal kecandak

Kaya ngapa perie'h
Mantep mlaku dalan pilihane de'we'k
Kaya ngapa sedie'h
Sawangen langit biru kae'
Supaya ngerti ambane' jagad
Kowe' ora de'we'kan

Ana kalane' temungkul karo terus mlaku
Supaya ora mlothas kepaduk watu
Ana kalane' ndegar tapi aja nglangar
Supaya ora mle'b'er lue'h
Nang mburine' mbengi sing peteng
Ana e'suk sing padang njingglang

Mbok kowe' e'sih ke'lingan
Nalikane' kowe' mangkat sangu te'kad
Aluwung susah aja gawe susah
Pesene' ramane'
Ala meneng becik ya meneng
Tuture' beyunge'

Wong arep bungah kudu susah
Arep menang ana kalane' kudu ngalah
Wong mulya wani rekasa
Dadia banyu mili 
Sing ora mandeg sedurunge' migunani
Bungae'h menungsa nek bisa gawe' bungah wong liya

Angin adem mangsa ketelu
Njujugna dongamu tekan kayangan
Ngete'pe't nggendong pengarepan
Mesti kewujud kabe'h gegayuhan
Me'n bisa bali nyunggi e'seman
Nyangking ati kebek kembang



6 Januari 2019

Dalan Urip


Tek larak sikil busik
Me'rad sekang rungkud suket latar
Sangu dengkul sekepel gegayuan
Mbokongi kabe'h lelakon sing wis ora bisa diowaih
Kembang Kecubung semu alum
Nyluntrut ora nana kupu sing gelem me'nclok

Tiwas nglumut nggonku ngente'ni
Padange' mbulan kerlobe' lintang
Ora ketungkul teka kecandak ati kuciwa
Luput ngendelna lumong endoge' blorok
Gagak nerak mancal isi pedaringan
Ora tutug gulihku ngimpi

Tinggal ke'ri cah kriting cangkrangen
Tinggal ke'ri cah ijo mambu langu
Guluh sing mblegad nang awak nyekse'ni
Nyong arep gole't  ngerti
Tegese' tembang sing tau tek rungokna
Nalikane' aku dipeke'h jarit kembang abang

Segara kringet bakal tek langi
Bruwun nge'lmu urip bebrayan
Ramban kebejan ngempani ati sing glemboran
Tek dangiri tek sirami
Nganti mlethe'k arum gandane' mlati
Nggo mbayar lunas e'semu kaya widadari


9 September 2018

NGALAMUN

Lakune' mbengi wis kecandak sepi
Tankocapa cayamu e'sih semampir nang mataku
Meksa aku nggambar raimu
Tek sawang tek slempe'dna nang sekoneng
Sapa ngerti kena nggo sangu mapag ngimpi

Godong godong teles ora te'ye'ng ngingdani
Tekane' udan liwat tembe' bae'
Pating teplak pating teplok unine'
Kaya tembange' nini sing agi ngebongna putune'
Rembes mak ces nang teleng ati

Manggua kowe' nang ke'ne'
Njagong je'je'r seplupuh serisban
Kambi crita semu wungu kembange' e'ce'nggondok
Sing kampul kampul go menclok kinjeng dom
Utawa crita e'semu legi kaya tebu mangli

Manggua kowe' te'ye'ng ngerte'ni
Tembung tresna nranang nang njero dada
Tek jiret tek kanthe'ti
Tek cipta dadi tembang asmarandana
Ora nggo sapa sapa kejaba kur nggo kowe'

Lakune' mbengi thegluk theglung konangan jago kluruk
Srenge'nge' modo modo kecanthe'l geger gunung
Mlethe'k disamper emprit sing nembe metu sekang suh
Nyong celong kese'long rangkulmu mau mbengi
Beninge' embun kaya beninge sorot matamu



15 Agustus 2018

AJA SERIK


Ne'k ana wong sing pame'r dunyane'
Dongakna moga moga ora pekir atine'

Ne'k ana wong sing pame'r pangkate'
Dongakna moga moga ora nista pakaryane'

Ne'k ana wong sing pame'r ilmune'
Dongakna moga moga ora ciut pikirane'

Ne'k ana wong sing pame'r baguse'
Dongakna moga moga ora elek pokale'

Ne'k ana wong sing pame'r suwargane'
Dongakna moga moga neraka dudu panggonane'

Kabe'h menungsa agi mlaku bareng bareng
Ngliwati lawang pesti sing jeneng pati
Apik karo e'le'ke' menungsa
Ora bisa diwaca sekang rupa
Ati resik kuwe' sangu sing paling becik

Ne'k ana wong sing gentur tapane'
Tutna!! sapa ngerti bisa nyidem bambane' neraka

Ne'k ana wong sing loman
Pelunana!! sapa ngerti bisa nggo tular

Ne'k ana wong sing nglembah manah
Mersudia!! sapa ngerti bisa ulih sangu

Ne'k ana wong sing landung akale'
Mergurua!! sapa ngerti bisa ngasah landepe' ati


10 Juli 2018

EMBAN JARIT EMBAN WELAD


Batir ngrewek kanca
Weruh matane' picek atine'
Dume'h padabae' wungune'
Gowok dilebokna wadah anggur
Dume'h be'da arane'
Blekok nggo pethe'tan
Cangak nggo gedibal

Rai gedhe'g dilabur blonthang blanthe'ng
Ora semanger sawangane' malah kaya ce'pe't nggilani
Lambe' klimis dinggo lamis
Cangkem nyuntek isine' ati banyu bange'r
Rumangsa paling bener nerak wewaler
Ujar ujare' gagah ora unggah ora ungguh
Laku angkuh nang nduwur cengele' liyan

Sapa kuwe' wong sing cilaka
Ya kuwe' wong sing ora bisa naker awake' dhe'we'k
Ora dunung the'the'r nang ndase'
Dununge' kur boroke' kancane'
Conon nang bathuke' wong diaran wudun
Wudun nang bokonge' dhe'we'k diaran kukul
Emban jarit emban welad

Supaya dadi penge'ling e'lingku
Aja kepincut gebyare' dunya blaka
Nista lamur mata marga pati damare' ati
Raga suwung cumplung glundang glundung
Ora nana sing aruh biruh
Kejaba bocah re'pe'k sing nitori
Pol pole' diobong nggo suluh nang pawon

 

5 Juni 2018

SEMADYA

Bejane' wong sing ala becik meneng
Ora mrina sajan dianggep nista
Ora kesengsem sajan dialem
Kabe'h mungguh kersane' Gusti
Sare'h atine' ora nganggo grusa grusu

Disimpen baguse'
Kaya primpen nyimpen alane'
Dunya kaya wong mlaku slisiban
Selalar seliwat terus pisahan
Sugihe' ati nggo sangu mati

Aja kaya wong kae' kaki
Sing teka nunggang jaran bigar
Monce'r anggon anggone'
Nggawe silo wong sing kedul atine'
Aja me'ri, jalaran kae' dudu kanca sejati

Rumangsa bener kuwe' ora e'le'k
Tapi ne'k rumangsa paling bener kuwe' luput putu
Dadia wong pinter sing rumangsa bodho
Aja dadi wong bodho sing keminter
Nandang wirang raine' ilang

Asor ora teges kasoran
Kalah bathi menang luhure'ng budhi
Sing semadya janji ora gawe' lara liyan
Sekti ya ana kalane' apes
Drajat pangkat ora lewih suwe' timbang be'be'k silem

Segampang gampange' gawe' wong seneng
E'sih gampang gawe' wong kesuh karo nangis
Sing ange'l kuwe' nggawe' wong percaya
Jumbuhna omong karo laku
Supaya ora njomplang gulih sesrawungan


 

21 April 2018


LANGES JAMAN


Aja kowe' kanda Gusti kuwe' welas asih
Aja kowe' crita ne'k Pengeran kuwe' e'man
Jebul kur tekan ilatmu ora mudun meng atimu
Ora semrambah meng otot getihmu
Gumoh cangkemu nggupaki putih klambimu

Banyu pace'ran didol pitung kethip
Diwadaih gendul lenga wangi
Sing tuku ndilir ngebeki gili
Njawane' arep nggo mbuang ambune' ke'le'k
Bacin ababe' de'we'k ora konangan
Sebab karemane' mangan bathange' dulure'

Ya sing kana ya sing ke'ne' pada bae'
Tawa je're' kulak nde'an
Rumangsa paling bener ora pener
Ngumpruk ngecuprus blas ora becus
Nape'ni beras gole'ti krikile
Krikil ketemu buang berase'

Sing pinter mlakune' minger me'nyak tlepong sapi
Sing sekti kemaki cawete' nggo nutupi rai
Ora tau nandur malah rebutan pane'n
Montong montong mathoki lemaeh cendenge'
Kakine' kur mesem nyruput seger banyu bade'g
Sing keblinger nyucup banyu klapa kiring pesing

Latar cebrik wong crebek guleran
Adus belet njaba njero
Wong minggir moh ketiban awu anget
Wong kendel menclub nggulawenthah
Kotor awake' ora ndadekna kotor atine'
Aku ngajok ora njaluk sangu beyunge'

Manuk peking kaji
Putih ndase' awak coklat
Gagak ngakak nyolong klambine' kuntul
Blekok anteng krodongan sarunge' nglinthing
Endi sing kudu tek pe'loni
Pitakonku ke'li meng segara kukus

Becik ngetutwuri wong sing beja
Yakuwe' wong sing e'mut sejerone' awan mbengine'
Sing bisa maca angin sejerone' angon atine'
E'mut maring piwulange' guru suci sing pungkasan
Gurune' wong wong sing ora nyandang bebendu
Sing bening pasuryane' madangi petenge' jagad





20 Maret 2018

LANGIT SORE


Welulang garing karo kenthong sing di tabuh gantian
Ase'ng srenge'nge' mlorod sekang wuwungan langit
Swara adan ngasar sing lirih kabur angin
Landep ngungkuli welad
Mbele'r ati sing suwung kiye'

Tek nye'le'hna bokong
Nang jubleg ngisor wit jambu thokal
Sawah sing nembe'  rampung di bawoni
Nggo jag jagan bocahan ngoyoki bal plastik
Gemerung gurisane' se'je'n karo lelakonku

Kukus obong obongan dame'n kandel
Ndedel nututi mabure' dara bandangan
Lawatan nyangking angen angenku 
Ning mara mara ngeclap ilang ora kewujud
Kabe'h rogol bareng kle'ang kle'ang

Mosak masik nang njero dada
Antarane'  esemu sing pait jolali
Kelawan uripku sing legi bratawali
Tresna nista esih tek genggem sajan wis berem
Tek kandut wirang sajan atiku prampang

Langit sore'  abang mbranang
Codot mabur slisiban karo srewiti
Godong godong sukun sing ndampyak meng kale'n
Kaya tangan srangge'an nyandak pundakmu
Kabe'h kaya kelir sing di je'mbre'ng seamban amban

Ke'ong darat tapi nyong ora bakal nglemberek
Tek takon kunang engko mbengi
Endi dununge'  tresna wangi gemati
Nawu segara paribasane'
Tek kekepi tek kemuli mbulan ndadari






17 September 2017

KESENGSEM

Nyong nemu bening esemu e'suk kiye'
Nang njero embun temumpang godong katu
Pating kerlob kesiram anget sorot srenge'nge'
Kaya inten kencana duwe'ke' raja raja

Aku weruh sorot mripatmu mau awan
Cemanthe'l nang lamuk putih ndarik ndarik
Ndilir mlaku nang pipir segara langit
Ora mblenger ngriwugi pendelengku

Langka padon sing bisa nggo nyelehna ati
Kowe wis mbaureksa nang sabendinaku
Turu bae' e'sih meksa me'lu kegawa kelu
Nyong lagi kenthir apa gemblung anggerang

Nyong krungu renyah swaramu sore' kiye'
Nang antarane' atusan emprit sing ndedel
Manjat langit abang semu kuning
Ora nylingak sajan diawe blarak blarak se'wu

Lintang sinebar tan tine'tung
Ana ndaru mudun nggawa kembang sedandang
Ora tek sebut jeneng jeneng menungsa
Kejaba mung jenenge' sliramu




2 Agustus 2017

Mbengi

Raimu padang kaya wulan ndadari
Sing temangsang nang pampung wit klewih kae
Klendat klendet mlakune
Ndongol sekang sisi kiwe'  kuse'n  jende'la peturonku

Orong orong wis ket mau bange't gulih le're'n moni
Gentian karo Clupa sing agi sregep ngenthir
Swarane' lirih kelinglingan tumpukan bata
Kaya lirie'h swarane' njero dada sing ciut kiye'

Tek cagak rasa karo kore'dan e'semu mau awan
Ora ke'tang mung nyelang nggone'  awang-awang
Ning tetep bae' atiku ngendelong
Nyatane aku kur glepung sing diparo sewu

Kelarak-larak aku ngetutna gemblunge' rasa
Ora sembada karo gede'ne' tresna sing me'deki
Kowe sengsaya tipis ora keranggeh jriji
Pega ambekanku kesumpel jeneng mu

Wulan kemambang nang punctrit langit
Surem sorote ora ngemu janji sing bisa tek ugemi
Klasa sing ngemuli ambe'n lincak  bae' ora srilik
Apa sing agi mbrongsong dada mbengi kiye


Raimu padang kaya wulan ndadari...
Aku ngliyep dikeloni swara mbengi sengsaya sepi...


28 Juli 2017

Pit Onta Wedon

Ngradak nang gili ngabluk kebek krikil
Ora denger kesel sajan playumu wis ora jejeg
Munggah gunung ngempag temurun kisik
Mbalik ngumah
Semendeh umbukan blukang mburi pedangan

Gundul banmu keparud lemah gili sing mluduk
Bonce'ngamu..sadelmu..pe'dalmu rut rutan udu asline'
Srandal bekas sing dipasang nang slebor ngarep
Kroak di jejek peksa
Kanggo nggente'ni rim sing wis lanas

Sajan wis taker taun ora tumon kerlob berkomu
Sapet kowe mblandrang keblusuk nang blumbangan
Ning kowe kanca sejati gawe' padang ati
Kowe seksi
Nek menungsa wajib polah obah koreh rejeki


2 Juli 2017

Tembang Manyar

Wit turi sing je'je'r nang dalan pinggir sawah
Ge'ang ge'ong kedamu angin sore kiye
Bledug-bledug mumbul mrewul kemebul
Teme'mpe'l nang e'pe'k-e'pe'k godong nyamplung 

Kayong wis ora sranta ngente'ni langit nyuntek udan
Mlethake' lungka sengsaya amba
Nggo umpetan celiring karo gedubur
Sekang uberani bocah sing ngobor jangkrik nek mbengi

Srenge'nge' wis ngglinding ngulon ora kober tare'n
Maring blekok sing angi nyemplung blumbangan sat
Perlune' lagi ngingse'ni telih karo lukas tur lombokan
Kanggo agan sangu turu engko mbengi

Manuk manyar wis gemerung pada bali
Pating crae't pating mbleber
Kanan-kanane agi ngibing karo tetembangan
Nang kiwa tengene suh sing teme'mple'k nang blarak

Nyong esih kaya tunggak glugu nang ke'ne'
Angon pikiran mblayang separan-paran
Njawane' gole't sembur nggo ati sing ringkih kiye'
Kepriwe'  nglakoni urip dina nge'suk ya....

Nyong kepe'ngin mabur tetembangan kaya manyar-manyar
Ora usah kewatir kendil sing arep njomplang
Ora urus pacul sing tugel dorane'
Gusti....mbenjang kapan Panjenengan paring jawah??

1 Juli 2017

Kembang Ganyong


Nang ganyongan
Ngisor wit klepu pipir tamanan
Nyong ora te'ye'ng ngoncori
Mendung sing peteng ndedet nang mripatmu

Ora nana sing kewetu
Kejaba mingsekanmu nang njero menengku
Bungah ora bisa di rangge'h
Tresna kepentog ora pethukan dalan go mili

Kembang ganyong  abang kaya je'ngge'r jago
Pating jembual sekang pupus godong sing kesampluk angin
Tetep bae' ora je'gos megarna e'semu sing kaya biasane'
Kowe' kudu kolu ngeleg tembunge' rama lan beyung

Sajan wis keliwat saking gulih nyong pe'ngin melung nyeluk jenengmu
Agi kowe'  mlayu ngedoih nyong karo dle'we'ran luh
Gegermu selot-selot keton cilik
Nganti ora keton nang  pe'nggokan wit jaganantangan

Kowe' terus mlayu..
Bareng mliwis sing mabur ompok-ompokan kang rawa lor
Bareng karo cucuk urang sing nguil nyaut lunjar
Ninggalna nyong de'we'kan karo kembang-kembang ganyong




28 Juni 2017

Nyong Kangen

Nyong wis mlaku adoh
Nyungsang njempalik mowot dalane' urip
Gedangkrangan...kete'ke'ngan..kelarak-larak
Nganti tekan lemah sing siki agi tek idek

Sajan kabe'h gegayuan durung keleksanan
Sajan urip esih manglur-manglur
Ora pedot nggone' maturkesuwun
Kabeh perwe'we'h Gusti Penge'ran

Ning kenangapa ya....
Rasa kuwe' ngglibed nang njero dada
Selot suwe' selot njarem
Nglemburuk nang padon ati ora gigal

Nyong kepe'ngin mlayu...
Nye'ke'r turut galengan ngunda layangan
Guleran nang suketan ijo
Gurisan karo batir sing pada klewuse

Nyong kepe'ngin playon udan-udanan
Nganggo kolor kanthong gandum ora klambe'n
Ngubengi grumbul karo kanca sebrayan
Ora gilaraun kenang seblok mamake'

Nyong kangen...
Kethe'pe'lan nang wit jambu grantingan
Jor bae'  sikilku pada the'the'l
Me'n bae' gegerku kedik uleren


























Tidak ada komentar:

Posting Komentar