Wikipedia

Hasil penelusuran

Sabtu, 18 Januari 2020

Ora ilok

          Wong jama mbiyen nek ngewei ajaran utawa pitutur becik kuwe akeh sing nganggo falsafah.Ora langsung lewat printah utawa larangan.

         Ana tembung "ora ilok" tegese ora apik nek dilakoni.kanggo nguatna prentah men ora nglakoni tumindak sing ora trapsila,tembung ora ilok diterusna karo alesan alesan go meden medeni.Kadang kala alesane babar blas ora mlebu nalar tapi wektu cilik dewek pada percaya banget.Malah kadang kadang ana sing bener bener lucu,tapi kabeh mau udu dolanan.kabeh nduweni arti lan tujuan.

        Kabeh mau jane ngemu maksud supaya dewek nduwe tata krama utawa unggah ungguh nang sajeroning urip bebrayan.Kabeh mau usahane wong tuane dewek men duwe generasi sing ora ngisin ngisini,nduwe sopan santun.

      Apa bae contone tembung "ora ilok " kiye tek tulis sethithik.beda panggonan biasane beda beda kepercayaane.


* Nek madang ora ora di entekna engko ayame mati

* Nek cah wedon nyapu ora resik engo bojone brengosen

* Nek mangan brutu ayam dadi sering kelalenan

* Nek mangan sewiwi ayam engko ulih bojo wong adoh

* Aja njagongi bantal engko wudunen

*Aja singsotan nang njero umah mbok diparani ula

*Aja kakehen mangan parudan klapa dadi kreminen

* Nek ngacungi kuburan jrijine kudu di dilat

* Aja mangan karo turu mbok dadi ula

* Aja mangan disangga mbok selawase dadi sanggane wong tua

*Aja mangan nang kamar mbok bojone di gawa ewong

* Aja mangan nang tengah lawang engko anake cangkeme amba

*Cah lanang aja nangis pas sunat mbok dadi ulih randa

*Aja njagong nang tengah lawang wong angel golet bojo

*Aja mangan ajang ciri mbok entuk bojo bekase wong

*Nek tuku lenga mbengi mbengi kudu nembunge tumbas banyu

*Nek tuku jarum mbengi mbengi nembunge tumbas biting