Wikipedia

Hasil penelusuran

Senin, 24 Juli 2017

Wernane tembung "mlaku"

Tembung "mlaku" nek nang bahasa Indonesia tegese berjalan,langka liyane,ning nek nang bahasa ngapak Cilacap tembung "mlaku"kuwe werna werna banget.
kayata;

1.mlaku mbalik mbarang wis ulih sing di karepna : ngete'pe't
2.mlaku mangkat marani sing di karepna : nge'ngkre'g
3.mlaku mandan banter: githir
4.mlaku banter nylametna awak : nggenthirak
5.mlaku banter mandan mlayu : nggendring
6.mlaku adoh : ngempag
7.mlaku bar di sepit : nge'ge'ng
8.mlaku ora ora limbean : nge'gle'ng
9.mlaku karo wedi mbok tiba : minyig minyig
10.mlaku alon alon men ora konangan : mindik mindik
11.mlaku karo mbungkukna awak : munduk munduk
12.mlakune bocah cilik : undak unduk
13.mlaku sikil siji : de'ngkle'k
14.mlaku nggawa barang abot : kete'ke'ng te'ke'ng
15.mlaku banter keri ngetutna kancane : kepunthal punthal
16.mlaku alon alon banget : kedimik dimik
17.mlaku ora perduli kiwa tengen : jlang jlangan
18.mlaku nang kebonan apa sawah sing wis ditanduri : jag jagan
19.mlaku ora genah tujuane : kethayapan
20.mlakune wong mriyang : ketheker theker

lan esih ana liyane mbokan??
kabeh nduwe arti dewek dewek gemantung maring kahanane..nek ana liyane tulung aku di wei ngerti ya....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar