Wong jama mbiyen nek ngewei ajaran utawa pitutur becik kuwe akeh sing nganggo falsafah.Ora langsung lewat printah utawa larangan.
Ana tembung "ora ilok" tegese ora apik nek dilakoni.kanggo nguatna prentah men ora nglakoni tumindak sing ora trapsila,tembung ora ilok diterusna karo alesan alesan go meden medeni.Kadang kala alesane babar blas ora mlebu nalar tapi wektu cilik dewek pada percaya banget.Malah kadang kadang ana sing bener bener lucu,tapi kabeh mau udu dolanan.kabeh nduweni arti lan tujuan.
Kabeh mau jane ngemu maksud supaya dewek nduwe tata krama utawa unggah ungguh nang sajeroning urip bebrayan.Kabeh mau usahane wong tuane dewek men duwe generasi sing ora ngisin ngisini,nduwe sopan santun.
Apa bae contone tembung "ora ilok " kiye tek tulis sethithik.beda panggonan biasane beda beda kepercayaane.
* Nek madang ora ora di entekna engko ayame mati
* Nek cah wedon nyapu ora resik engo bojone brengosen
* Nek mangan brutu ayam dadi sering kelalenan
* Nek mangan sewiwi ayam engko ulih bojo wong adoh
* Aja njagongi bantal engko wudunen
*Aja singsotan nang njero umah mbok diparani ula
*Aja kakehen mangan parudan klapa dadi kreminen
* Nek ngacungi kuburan jrijine kudu di dilat
* Aja mangan karo turu mbok dadi ula
* Aja mangan disangga mbok selawase dadi sanggane wong tua
*Aja mangan nang kamar mbok bojone di gawa ewong
* Aja mangan nang tengah lawang engko anake cangkeme amba
*Cah lanang aja nangis pas sunat mbok dadi ulih randa
*Aja njagong nang tengah lawang wong angel golet bojo
*Aja mangan ajang ciri mbok entuk bojo bekase wong
*Nek tuku lenga mbengi mbengi kudu nembunge tumbas banyu
*Nek tuku jarum mbengi mbengi nembunge tumbas biting
Pelangi di Rawa Wuni
Crita jaman inyong inyong cilik,Cerita masa kecil kami
Wikipedia
Hasil penelusuran
Sabtu, 18 Januari 2020
Minggu, 03 November 2019
BAHASA SING ILANG
Bareng karo majuneng jaman, menungsa urip dadi tambah kepenak lan tambah praktis.Apa apa serba cepet serba gampang ora perlu kesel ora perlu rekasa.
Jaman durung ana listrik ora nana TV,ora nana Kulkas,ora nana mesin cuci,ora nana sanyo,ora nana lampu neon.Mbarang ana TV akeh hiburan akeh tontonan sing nyenengaken.
Gemiyen ora bisa nyimpen janganan utawa panganan nganti suwe,bendina kudu becer merga nek tuku kakehen janganane dadi bosok.gemiyen ora bisa nginum anyes,siki bisa nginum anyes sewektu wektu.
Ora perlu ngangsu utawa mompa sumur Dragon go ngingseni jembangan utawa go ngingseni bak,gari muter kran banyu wis manthur.Adus gari gebyur ora perlu nunut meng sumure tanggane.Ora perlu nguceki kumbahan nganti tangane mleceh gari cemplung mesin cuci beres.
Ora perlu ngresiki lampu teplok ora perlu tuku kaos lampu petromak,gari ceklek saklare wis padang.Ora perlu repek golet suluh siki wis ana kompor gas.
Arep lunga adoh ya gampang,kabeh wong nduwe montor malah akeh sing nduwe mobil.Jaman aku cilik ngendi ngendi ya mlaku apa ngepit,montor esih jarang apa maning mobil.Siki nunggang montor mabur be wis ora gumun.Jaman gemiyen kur bisa nyawang montor mabur liwat karo melung melung "montor mabur njaluk duwite..ora ulih sogok silite" tegese wektu kuwe wong sing bisa nunggang montor mabur kuwe kur wong sing akeh duwite bangsa pengiyongan tah ya ora ngimpi,kanggo tamba gela paling kur bisa nyogok silite montor mabur.Manggua ana silite soten.
Apa maning siki mbarang ana sing jenengane HP,jaann ora umum kaya nyawa bae, pokoke menungsa siki ora bisa urip nek ora nyekel HP.
Tan kocapa ora kabeh teknologi nggawa keapikan.Nek ana barang anyar mesti kudu ana barang lawas sing ditinggalna.Sepira wektu sing dibuang kanggo menthelengi TV kanggo nunyuki HP.Wektu sing nggo ngomong karo keluarga,kanca,tangga teparo ilang entek direbut nang wektu nggo menthelengi HP.
Bocah bocah ora kober sinau ora kober dolan karo alam sekitare kakehen dolanan HP nganti matane bejad.Malah nganti ana sing mati gara gara HP.
Internet nek ora bener nganggone nyebabna rusak atine menungsa,gambar gambar sing ora kudune bisa di tonton siki bisa ditonton semareme.Kabar berita sing ora bener dianggep bener malah akhire ngrusak ketrenteman ati uga ketentreman masyarakat.
Tukang nggawe Gogok wis ora payu merga ana kulkas sing bisa nggawe banyu anyes.Tukang othok othok bangkrut bocah siki lewih seneng game nang HP utawa kompyuter.
Wis ora nana abane bocah guris jonjangan nang latar,ora nana bocah penekan nang wit salam.ora nana bocah playon turut galengan ngunda layangan.
Kejaba kuwe akeh banget kebiasaan utawa bahasa sing mbiyen di enggo bendina siki wis ora nana, wis ora dienggo lan bakale ilang sekang nduya kiye.Siki nggolet pemandangan kebo nggered garu wis angel banget.Nggolet tukang Patri utawa Tukang dandan payung wis ora bisa.
Nangisor kiye aku arep nulis tembung tembung sing bakale arep ilang merga ora dienggo utawa wis ora pas karo kahanane jaman.
Athik = kambi,karo
Bandos = sisa nang lumpang paling ngisor bekas wong mbebek beras
Bahu = pangkat nang desa
Bendo = bedog,golok
Bendana = lenjeh,menthel
Beri = baki
Berko = lampu ngarep pit
Bleketepe = pager sekang anyaman blarak (godong klapa)
Bratang = mester sumur
Bruwun = ngepet godong godongan nggo si jangan
Bungkil = pangan sing digawe sekang ampas klapa
Canthor = panganan kaya krupuk sing digawe sekang budin gedhene segedhe tutup gelas
Dami = serat nang woh nangka
Dluwang = kertas (kanggo nambal layangan)
Gedheg = anyaman pring sing dinggo pager
Gendul = botol
Gegoh = padu,kekerengan
Genuk = pedaringan,wadah beras sekang kendil
Gemblep = woh pace sing wis bosok
Gombes = penyakit kulit nang pinggir lambe kiwa tengen jalaran mangan ora diresiki
Grajen = serbuk kayu (sisa wong ngraji kayu)
Gribig = pager kandang ayam sekang anyama pring
Grita = klambi njeroan bayi sing akeh taline
Gudir = ager ager
Gudril = panganan kaya karag tapi lewih cilik
Jingklong = lemud (nyamuk)
Jenu = Jenis wit sing getaeh bisa nggo ngarah iwak (iwake pada nggeleleng setengah mati)
Jogan = lantai njero umah
Jumbleng = WC (biasane nang ngisor wit pring utawa panggonan sing adoh wong)
Jungkat = sisir
Kacu = sapu tangan
Kampil = bantal
Karag = Panganan kaya krupuk sing digawe sekang budin lewih cilik timbang canthor lewih gedhe timbang gudril
Kasut = sepatu, sandal
Kempol = tepes klapa sing dibundel go resik resik
Kepis = wadah iwak sekang anyaman pring
Klebet = bendera
Klentik = panganan sing metu sekang proses nggawe lenga klapa
Lading = peso mlengkung biasane nggo nyukil klapa
Lamat = tali sekang serat gedebog gedang
Masari = acara munjungi sedina pasaran bar pengantenan
Mathet = macing ora nggango mata pancing kur ngango empan sing dijiret kanggo tali(biasane mathet kuwe ngarah iwak cilik kayat lunjar kambang)
Mblosondo = omongan utawa kelakuan sing murang tata
Ngingkud = ngawah iwak karo suket utawa ganggeng mawi cara digulung gulung
Onder = rok daleman (under rock)
Ora yetna = ora ngerti,ora srilik
Ratan = gili,dalan
Rebuwis = SIM
Rengkot = rantang
Risban,Lincak = kursi dawa sing digawe sekang Pring
Salang = tali sing digawe sekang sabut klapa
Sambel krosak = sambel bawang lombok uyah
Sampur = selendang
Senthong = kamar
Setemak/Tasmak = kacamata
Setriwel = kaos kaki
Setut = sabuk/ban
Stamplat = terminal/halte bis
Suru = sendok
Sekoneng = saka utawa balungan kanggo njiret pager gedheg
Seser = alat kanggo ngarah iwak
Senthir = dian,lampu lenga
Slumbat = linggis
Sogok silit = pang wit pring sing rigik rigik
Strongking = lampu petromak
Ubluk = montor
Urek urek = ngarah welut
Paceran = saluran nggo mbuang banyu kang sumur
Padasan = kendi pancuran go wudu
Pancong = pacul cilik nggo dangir
Para = panggonan go ngebrukna alat dapur
Pedaringan = wadah beras
Pekiwan = area sumur
Pethet = sisir (jungkat)
Poran = Jorna bae ,ya kemen
Tapih = jarit utaw kain nggo nutupi pinggang se mengisor
Ting = lampu minyak sing dipasang nang latar umah
Welit = payon umah sekang anyaman godong aren
Welad = kulit pring sing dibeset tipis(biasane nggo ngethok puser bayi sing nembe lair)

Jumat, 28 Juli 2017
Wernane tembung "Tiba"
Tembung "tiba" nek nang bahasa ngapak Cilacap uga werna-werna banget tembunge.Dipisah miturut kahanan,jalaran,lan liya liyane.
Contone;
1. tiba mengarep : kerungkeb
2. tiba meng mburi : kejengkang
3. tiba dengkule' disit : kedongsok
4. tiba sirahe disit : juthu
5. tiba gegere' lara : kepengkok
6. tiba meng bolongan : kecemplung
7. tiba meng blumbang utawa sumur : kejolong
8. tiba meng bolongan sing ora keton : keblusuk,kejeblos
9. tiba merga barang lunyu : keplarak,keple'se't
10. tiba ngguling-ngguling : kringkelan
11. tiba mental : kontal,kepental
12. tiba sikile megar : kepenthang
13. tiba mlarak : ndlosor
14. tiba nggo woh-wohan : rogol
15. tiba mlumpat : anjlog
16. tiba meng banyuan : kecegur
17. tiba miring : nggle'mpang
nek esih ana liyane nyong diwei ngerti ya.......

Senin, 24 Juli 2017
Wernane tembung "mlaku"
Tembung "mlaku" nek nang bahasa Indonesia tegese berjalan,langka liyane,ning nek nang bahasa ngapak Cilacap tembung "mlaku"kuwe werna werna banget.
kayata;
1.mlaku mbalik mbarang wis ulih sing di karepna : ngete'pe't
2.mlaku mangkat marani sing di karepna : nge'ngkre'g
3.mlaku mandan banter: githir
4.mlaku banter nylametna awak : nggenthirak
5.mlaku banter mandan mlayu : nggendring
6.mlaku adoh : ngempag
7.mlaku bar di sepit : nge'ge'ng
8.mlaku ora ora limbean : nge'gle'ng
9.mlaku karo wedi mbok tiba : minyig minyig
10.mlaku alon alon men ora konangan : mindik mindik
11.mlaku karo mbungkukna awak : munduk munduk
12.mlakune bocah cilik : undak unduk
13.mlaku sikil siji : de'ngkle'k
14.mlaku nggawa barang abot : kete'ke'ng te'ke'ng
15.mlaku banter keri ngetutna kancane : kepunthal punthal
16.mlaku alon alon banget : kedimik dimik
17.mlaku ora perduli kiwa tengen : jlang jlangan
18.mlaku nang kebonan apa sawah sing wis ditanduri : jag jagan
19.mlaku ora genah tujuane : kethayapan
20.mlakune wong mriyang : ketheker theker
lan esih ana liyane mbokan??
kabeh nduwe arti dewek dewek gemantung maring kahanane..nek ana liyane tulung aku di wei ngerti ya....

Minggu, 28 September 2014
Medang Kopi
Medang Kopi,ndopok karo ndeleng gambar gambar sing bisa dadi mesin wektu njujugna pikiran blayang meng jaman cilike penginyongan.
Sambil minum kopi,ngobrol melihat gambar gambar yang bisa menjadi mesin waktu mengantarkan pikiran melayang ke masa kecil kami.
*Klingkringan Pit
Akeh kenangan neng klinkringan kiye,ora bisa di critakna siji sji,sing jelas kenangan paling mengesankan nang klingkringan kiye yakuwe tukang dodol es lilin. Banyak kenangan yang tak bisa diceritakan pada benda ini,tapi kenangan paling membekas pada benda ini adalah tentang penjual es keliling.biarlah kami yang tahu betapa indahnya kala itu.
*Bayem,Bayam
Sapa sing ora kenal bayem??nek ora nana bayem mungkin penginyongan ora bisa ngerti nylekamine tege bening gaweane mamake,Siapa yang tidak kenal bayam??seandainya tidak ada bayam mungkin kami tidak akan tahu betapa nikamatnya sayur bening buatan ibu kami.
*Godong Katu,Daun KatuKiye batir kembule bayem.Jaman cilik mbiyen godong katu mesti keburane karo bayem nang panci nduwur kopor lenga tanah dadi Tege bening.Tapi siki wis jarang weruh godong katu.Magane aku esih seneng kowe katu!!!
Ini adalah teman akrab bayam.Waktu kecil dulu,daun katu pasti berenang bersama bayam didalam panci diatas kompor minyak tanah menjadi Sayur bening.Tapi sekarang sudah jarang sekali melihat daun katu.Padahal aku masih mencintaimu Katu!!
*Kurungan Ayam
Mbiyen karna dulure akeh,pada nduwe tugas dewek dewek,ana sing tugas ngurungi ayam,ngelap torong lampu teplok,ana sing khususon nyumed Petromak.Ana uga sing umbah umbah,ngasaih piring.
Dulu karena saudara kami banyak,masing masing mempunyai tugas.Ada yang memasukan ayam ke kandang,ada yang membersihkan lampu teplok,adapula yang khusus menyalakan lampu petromak.Ada juga yang tugas cuci pakaian dan cuci piring.
*Dandang Cubluk
Kiye sing dadi lakon lakon nang Pedangan.Nek ora nana dandang,kukusan,cething ora bisa madang enak.Jaman siki apa apa gari pencet.Jaman gemiyen ndadak repek, ndadak daden geni.Matur nuwun karo dandang,kukusan,cething lan kanca kancane sing mbendina nggawe sega nggo tek pangan nganti aku gedhe kaya siki.
Ini para pameran utama di dapur.Kalau tidak ada barang barang ini tidak bisa makan enak.Jaman sekarang apa apa tinggal pencet.Jaman dulu harus mencari kayu bakar,harus membuat api.Terima kasih dandang,kukusan,cething dan teman temanya,yang telah membuat nasi setiap hari hingga kami besar seperti sekarang ini.
*Pedangan/Dapur
Gambarane swasana pedangan jaman semana.Pedangan sekaligus kandang ayam sekaligus kandang suluh sekaligus nggo mangan sekaligus panggonan sing nyimpen bejuta juta kenangan.Nek dipikir siki jan....ora sehat blas,masa njangan sebelaeh Mbelek.Gambaran suasana dapur di masa itu.Dapur sekaligus kandang ayam sekaligus tempat ayu bakar sekaligus ruang makan sekalis tempat yang menyimpan berjuta juta kenangan.Kalo dipikir sekarang sangat tidak sehat,masa masak berdekatan dengan tai ayam.
Sabtu, 27 September 2014
Kamus Ngapak
Kata kata jaman mbiyen/Kata kata jaman duluKata kata kiye wis jarang krungu.Kata kata sing ngemutna maring jaman cilike penginyongan.Bareng karo majune jaman kata kata kiye wis akeh sing ditinggalna.Moga moga tulisan cindek kiye kanggongawe tumrap anak putu.Mbiyen bangsa penginyongan urip lan ngomong nganggo kata kata kiye bendina.Kata kata sudah jarang kami dengar lagi,kata kata yang mengingatkan kepada masa kecil kami.Seiring kemajuan jaman kata kata ini sudah banyak yang ditinggalkan.Semoga tulisan singkat ini bias berguna untuk anak cucu kami.Bahwa kami pernah hidup dan bercakap cakap dengan kata kata ini setiap hari.abab : bau mulut (kae wong nek tangi turu ababe mambu banget ngungkuli ambune WC terminal ,itu orang kalo bangun tidur mulutnya bau sekali melebihi baunya WC terminal)abong : mentang mentang (abonge lagi nduwe duwit,tuku ubluk sepisan loro, mentang mentang punya uang,beli motor sekali dua)abrag-abrag : barang barangamben : tempat tidur dari kayu atau bambuangin duduk : gagal jantungangkrek : mainan orang orangan dari kayuangob : menguapanjlog : melompat dari tempat yang tinggi ke tempat yang rendahantob : bersendawaari(angger,nek) : kalau,jika(ari dina jemuah karo setu nganggone kojarsena , kalau hari jumat dan sabtu memakai seragam coklat coklat)asik sro : ungkapan rasa senang (bapak kondur nggawa ulih-ulih, asik sro!!,bapak pulang bawa oleh-oleh asyik!!)asoi : hampir sama dengan asik srobagreg : usang ,rusakbagreg : alat untuk merontokan padi dengan cara di pukul yang terbuat dari kayu atau bambubaligondok : mengingkari janjibandos : sisa tumbukan beras yang mengumpal di dasar lumpangbanger : bau busuk kacang tanah yang terendam air hujan sebelum di panenbango : bangunan seperti rumah sederhana yang terbuat dari bambu beratap dan berdinding anyaman daun kelapa.biasanya dipakai untuk tempat istirahat atau berdagang. (nek bada lik toyibah karo lik dipo biasane nggawe bango nang kisik karangkandri nggo dodol soto ,saat lebaran biasanya tante toyibah dan om dipo membuat bango di pantai karangkandri untuk berjualan soto)bawangkontong : ikut ikutan saja,penggembirabebeh : malasbedul : mencabutbek mencep : penuh sekalibel : istilah dari permainan gambar(bandaran) dari asal kata dobel (ganda)karena mendapat poin 9 dan mendapat bayaran dua kali lipat dari jumlah gambar yang di pasang.bence : nama sejenis burung yang kata orang tua dulu kalo burung itu berbunyi berarti ada malingbenting : kain panjang dipakai di pinggang untuk mengikat kain yang lainya ,biasanya berwarna putih atau hitambeset : kelupas (kulit wit mlinjo dibeset nggo nggawe uwet panggalan , kulit pohon melinjo di kelupas untuk membuat tali gangsing)bethot : ditarik paksablabur : banjirblacan : kucing hutanblandring : melempar tali dengan cara mengikatkan batu di ujung taliblangkemen :tidak bisa bicara,membisu seribu bahasa(maling ayame blangkemen mbarang pak pulisi tuyan njlentrehna bukti buktine,maling ayam itu tidak bisa berbicara apa apa setelah pak polisi tuyan menjelaskan semua buktu buktinya)blrarak : daun pohon kelapableketepe : anyaman dari daun kelapa untuk diding atau atap rumahblekuk : becek ,tanah lunak seperti lumpur(dalan kene nek udan mblekuk banget,jalan ini kalo hujan jadi becek berlumpur)blombokan : bambu yang digunakan sebagai penguat tiang pada rumah,biasanya digunakan juga untuk menabung uang receh dengan cara dilubangi tipis dengan gergaji(Kae nyelengi nang blombokan bae,kalo mau menabung di blombokan sajablonyoih : baluri(anakmu anget ya?diblonyoih lenga tanah karo irisan brambang men cepet mari, anakmu badanya panas ya?dibaluri minyak tanah dan irisan bawang merah biar lekas sembuh)blukang : gagang daun kelapabodoa : terserahbol : usus besar,ambeyenboreken : telapak kaki yang pecah pecah karena kuman sering disebabkan karena tidak memakai alas kakibratang : lantai dari semen di sekitar sumurbregod : membalut seluruh tubuh bayi dengan selendang agar bayi tersebut bisa tidur dengan nyeyak.brengkolang : lemparbronjong : keranjang buahbruwun : memetik daun daun untuk dibuat sayurbubut : cabut
cadok : goleng
cangkrangen : penyakit gatal gatal pada telapak tangan
canthing :
carangan pring : batang pada pohon bambu
cawet : cawat, celana dalam
ceking : kurus
ceming : muka yang kecil
centhong : alat untuk mengambil nasi
cespleng : manjur
cething : alat untuk membersihkan beras atau untuk memesukan nasi yang telah masak
cikrak,ikrak : alat untuk mengumpulkan sampah
ciloh,ketep : kotoran yang melekat pada mata terutama saat bangun tidur di pagi hari
cimit : memungut sesuatu yang kecil
cokol : akar yang tersisa pada tanaman kacang tanah yang telah dipanen.biasanya masih terdapat kacangnya.
Kulanuwun
Inilah cerita masa kecil kami.Dimulai dari rumah kecil di sebuah desa bernama Menganti grumbul Rawa Wuni di kecamatan Kesugihan Cilacap.Seperti pelangi yang berwarna warni.Tangis dan tawa senang dan susah (banyak susahnya)mewarnai hari hari kami menuju jenjang kedewasaan.
Kulanuwun.anu arep andon crita jaman cilike Penginyongan.Jaman sing akeh sedieh akeh senenge akeh sengsara tapi juga jaman sing ora bakal bisa di kelalekna.Siki penginyongan wis pada gedhe,nduwe dalan urip dewek dewek.Tapi kabeh dimulaih sekang Rawa Wuni.
Langganan:
Postingan (Atom)